
BREBES – Jajaran Polsek Ketanggungan Polres Brebes nglakokna razia maring bakul mercon, kembang api lan bakul ciu sing dodolan neng wilayahé, dina Slasa (28/3/2023) soré.
Hasilé, seka pengecékan lan razia neng rong lokasi sing séjén, yakuwé seka bakul sing inisialé RD (45) warga Desa Ketanggungan lan EG (66) warga Desa Kubangsari Kecamatan Ketanggungan, polisi nyita éwunan mercon jenis korek lan atusan mercon jenis srengdor.
Kapolres Brebes AKBP Guntur Muhammad Tariq diwakili Kapolsek Ketanggungan AKP Suroto ngomong, kegiatan kuwé usaha nggo ngantisipasi anané kenakalan remaja kaya tawuran, parang sarung utawa perang mercon wayah wulan Ramadhan lan dadi tindak lanjut arahan Kapolres Brebes gara-gara ana mercon mbledug nang Magelang sing nganti mangan korban.
“Kiyé dadi antisipasi aja nganti kedadén perang mercon kaya sadurungé lan dadi tindak lanjut arahan seka Kapolres Brebes sing ngongkon supaya kabéh jajaran kepolisian rutin nglakokna kegiatan patroli lan nglakokna razia bakul mercon lan kembang api,” jaré Suroto.
Metung kegiatan rutin kiyé, jaré Kaposek, pihaké nyita 15.000 mercon jenis korek lan 500 mercon srengdor.
“Razia mercon yakuwé usaha nggo nyiptakna rasa aman lan nyaman lawasé Ramadhan,” jelasé.
Polisi, jaréné, uga pan tetep nganakna razia mercon lan nglakokna patroli wayah pan buka puasa, patroli bengi lan patroli subuh.
Saliyané nglakokna razia mercon, polisi uga nganakna razia ciu. Hasilé, 8 dus AO gedhé 96 gendul, 4 dus AO cilik 96 gendul, 4 dus Bir Hitam 48 gendul disita lan diamana nang Polsek Ketanggungan nggo dimusnahna.
AKP Suroto njelasna, ciu kuwé diolihi wektu nganakna razia seka warga sing inisialé TST (63) lan KM (60) yakuwé warga Desa Dukuhtengah, Kecamatan Ketanggungan.
“Razia kuwé dilakokna nggo nyiptakna rasa aman lan nyaman wektu nglakokna ibadah Ramadhan,” pungkasé. (*)








You must be logged in to post a comment.