Ngaji Bareng Warga Binaan Lapas Tegal


Acara Syi’ar Ramadhan 1444 H. “Menjemput berkah di Bulan Ramadhan ” di lapas Kelas 2B Tegal.senin /3/4/2023.

Dina Senen Wage, tanggal 3 April 2023 utawa 12 Ramadan 1444 H, panggonane nang Lembaga Pemasyarakatan 2B Tegal, alamate nang Jalan Yos Sudarso nomor 2 Kota Tegal, ana kegiatan sing temane syi’ar Ramadan 1444 H, “Menjemput Berkah di Bulan Ramadan”. Ana pirang-pirang lomba sing ora liya tujuane gawe bungah warga sing lagi dikongkon sabar nglakoni ujian, sebab esih nglakoni keputusan hukum kanggo manggon dadi warga binaan Lembaga Pemasyarakatan nang Lapas Kelas 2B Kota Tegal. Lomba-lomba mau pancen gawe sumringahe warga, kayatah lomba azan, lomba ngapalna donga karo surat Al-Qur’an sing cendek, ora ketinggalan uga lomba nganggo busana muslim/muslimah. Sing ora liya dianakna daning IPWL Yayasan Al-Malaa Getasrejo karo LP 2B Tegal. 

Mungguh keterangan saka Mas H. Junaedi, jumlah warga binaan sing ana kurang luwih 260, dadi lamon ditambah karo jumlahe tamu utawa petugas sing tekan 69, kabeh ana 329 wong sing melu ngaji bareng, sebab sawise dianakna lomba neng waktu awan tekan sore, diterusaken acara buka puasa bareng sing sadurunge diisi pengajian daning Kepala Kantor Kementerian Agama Kota Tegal, K.H. Fathul Himam, S.Ag, M.Pd.I. sing teka karo kanca-kanca saka kantore yakuwe K.H. Ghomsoni Yasin, Ibu Hj. Hindun Nuuril Aimmah, Ibu Hj. Aini Zulfawati, uga Ibu Hj. Darsiti, S.Ag. uga teka karo mein sambutan Kepala Badan Narkotika Kota Tegal H. Sudirman, S.Ag, M.Si, Ketua GANAS ANNAR MUI Kota Tegal H. Atmo Tan Sidik, uga jajaran pengurus PCNU Kota Tegal.

Kepala Lembaga Pemasyarakatan Kelas 2B Tegal, Yugo Indra Wicaksi, melu seneng sebab deweke yakin lamon saben menungsa sawise nglakoni khilaf utawa dosa, esih bisa dibina, esih bisa ditingkataken endah dadi menungsa sing luwih apik. Acara ngaji bareng—apa maning ana uga acara lomba-lomba sing gawe bungah warga binaan, kuwe salah sijine cara kanggo ngelingaken deweke kabeh supaya luwih eling maring Gusti Allah karo paham aturan urip ning masyarakat. Muga-muga, sawise pada pragat nglakoni keputusan hukum, bisa dadi menungsa sing manfaat kanggo kluwarga lan masyarakat. 

Apa maning kaya sing diaturaken daning K.H. Fathul Himam waktune ngisi ceramah, deweke uga nyritakaken sejarahe Nabi Yusuf sing tau diuji kesabarane manggon ning penjara, tapi akhire nambahi hikmah, deweke bisa dadi menungsa sing manfaat, pemimpin sing jujur, adil, malah ditingkataken dening Gusti Allah dadi nabi. Semono uga akeh contone yen wong sawise metu saka penjara, dadi wong sing apik. Ana sing dadi ulama, pejabat, pengusaha, ahli ketabiban utawa ahli pengobatan, seniman, olahragawan, sebab lamon ditliti, wong-wong mau waktune manggon ning LP, gelem tekun anggon dedonga maring Allah SWT, sregep tadarus Al-Qur’an, utamane deweke nyadari kekhilapane. 

Kaya sing wis dadi firmane Gusti Allah, nang Al-Qur’an surat Az-Zumar ayat 53, terjemahan Al-Qur’an Basa Jawane terbitan Asy-Syifa Semarang,  Dhawuha sira Muhammad: “He kawula-kawula Ingsun kang ngluwihi wates ing atase awak ira kabeh, aja nganti sira kabeh cunthel saking rahmate Allah. Satemene Allah kersa mangapura dosa-dosa ira kabeh. Satemene hiya Penjenengane kang Maha Mangapura tur Maha Welas Asih.” Semono uga neng Al-Qur’an surat Yusuf ayat 87, Gusti Allah uga ngelingaken, “Aja nganti sira kabeh pedhot ing pengarep-arep saka rahmate Gusti Allah. Sejatine ora ana kang mendhot ing pengarep-arepe saka rahmate Gusti Allah, kajaba mung kaum kang kapir.

Dadi, lamon dipikir, kaya umpamane kedadeane kupu sing apik, asale saka uler terus dadi enthung, barang dadi kupu sing apik, menungsa ora pada nyepelekna. Apa maning, mungguh critane Kang Kaji Ghomsoni Yasin, uga Ustadah Hj. Hindun, Hj. Aini, sing sering silaturahmi dong pas tugas mein maidhoh hasanah, deweke kabeh pada nyakseni yen akeh bakat-bakat sing ana ning warga binaan LP Kota Tegal, mulane pada nduwe kesimpulan saben menungsa nduweni hak kanggo ngrubah endah uripe ngambah akhir sing apik, yakuwe husnul khotimah. Mulane, Wakil Ketua GANAS ANNAR K.H. Edy Priyono, lagi tak jaluki pendapate babagan cara mbina menungsa sing lagi sajrone penjara, deweke uga mein resep perlu dipereki nganggo cara sing welas asih, cara sing hikmah aja nyepelekna yen sing diadepi kuwe pada bae menungsane. 

Lamon liya waktu manglih laku, lumantar hidayah saka Gusti Allah dadi sabar, sadar, yen wong urip ora mung nang alam dunya tok, tapi ana alam sing luwih dawa, langgeng, yakuwe alam akherat. Mulane, kanggo kabeh bae sing nglakoni khilap, maksiat, apike cepet-cepet tobat. Awake dewek melu priatin sebab jare petugas ning LP, akehe sing pada manggon kurang luwih 60%, sebab kena pasal hukum bab penyalahgunaan narkoba.  

Sawise acara lomba, sing diterusaken ngaji bareng, sembahyang magrib jamaah, terus buka puasa, kanca-kanca sing pada teka, pada nduweni ide muga-muga acara sing kaya kiye sering dianakaken sebab niyate pemrentah manggonaken sedulur-sedulur sing lagi olih keputusan hukum manggon ning LP, kuwe tujuane endah kaya sing diumpamakaken sawise dadi uler, mengkone dadi kupu sing apik. Maksude dadi menungsa sing berkah dunya tekan akherat. Mulane, apike bereng-bareng ngugemi semboyane para kyai karo ulama sing ana ning Pantura: “Ngaji nggo luruh bener, Jamaah nggo luruh pinter. Endah bener tur pinter, kudu sregep ngaji karo jamaah.”   

Atmo Tan Sidik, Penerima Penghargaan Aksi P4GN Melalui Sosialisasi dan Edukasi Narkotika dari Badan Narkotika Nasional Provinsi Jawa Tengah tanggal 27 Juni 2022.


Discover more from Selamat Datang brdnusantara.news.blog

Subscribe to get the latest posts sent to your email.